Senin, 24 Agustus 2015

Wedharaga

Mangkene patrapipun,
wiwit anem amendenga laku,
ngengurangi pangan turu sawetawis,
amemeka hawa napsu,
dhasarana andhap asor.

Akanthi awas emut,
aja tinggal weweka ing kalbu,
mituhua wewarah kang makolehhi,
dentaberi anggeguru,
aja isin atetakon.
Wong amarsudi kawruh,
tetirona ing reh kang rahayu,
Aja kesed sungkanan sabarang kardi,
sakadare angengimpun,
nimpeni kagunaning wong.

Tinimbang lan anganggur,
baya becik ipil-ipil kawruh,
angger datan ewanpanasten sayekti,
kawignyane wuwuh-wuwuh,
wekasan kasub kinaot.

lamun wus sarwa putus,
kapinteran sinimpen ing pungkur,
bodhonira katokna ing ngarsa yekti,
gampang trapinng tindak tanduk,
amawas pambekaning wong.
(Gambuh)

R. Ng. Ranggawarsita
1802 - 1873

Tidak ada komentar:

Posting Komentar